Pengarep – Arep
Esuk awan wengi aku sinau
Kanggo cita – citaku
Ora ana wektu kanggo dolanan
Nanging aku seneng
Sinau sedina – dina
Tansah nglalekake dhawuh wong tuwa
Dak singkirake sekabehe gadha
Aku kudu dadi juwara
Duh.....Gusti
Paringana ridha
Kaya ngene angele
Nanging aku kudu bisa
Kanggo ngimbangi rekasane wong tuwa
Kanthi bungahe kulawarga
Bapak, ibu leganing ati
Putra bisa kabul gegayuhane
TANSAH KELINGAN
Kelingan.......
Tansah ilang saka pikirku
Janji – janjiMu sing dadi karepku
Mugi bisa dak gawe gayenge uripku
Nanging......
Mung sawetara wektu
Aku ngadek, nyembah, sujud lan ngaku
Linambaran seneng ikhlasku
Duh Gusti......
Nyuwun estunipun kanggo laku
Riyem – riyem ing pandulu
Mugi napasku butul langitMu
TETULUNG
Wenehana teken
Marang wong tuwa
Wenehana pangan
Marang wong kang kuluwen
Wenehana payung
Marang wong kang kudanan
Wenehana sandhang
Marang wong kang kawudan
POKOKE MELU
Obah owah gingsire bumi
Ora bisa den cegahi
Lumber bumi krasa panas
Hawa tanpa ana silir brabas
Keprungu suwara sajake kok laras
“mili ning aja keli”
Urip kudu duwe pakem sing mesthi
Aja njur melu-melu nuruti lathi
Pungkasane lali ing dhiri
URIP MUNG SEPISAN
Iwak lele mati kena jamu
Degan ijo enak gawe rujakan
Uwis suwe boten ketemu
Ketemu pisan ayo padha guyonan
Menyang sala payunge ilang
Saben dalanan jejer wong dodolan srabi
Urip sepisan aja dadi sumelang
Mumpung isih panjer ndang marak sowan Gusti

0 comments:
Posting Komentar